Senin, 06 Desember 2010

KESENIAN TRADISIONAL ANGGUK

Tarian menika sampun wonten saking abad 17, kang dipun beto kaliyan para mubalig penyebar agama islam kang dugi saking tataran Mataram-BAgelen. tarian menika dipun sebut tarian angguk amargi penarinipun asring manggut - manggutaken sirah. Kesenian angguk kang nggadahi corak islam menika awalipun nggadahi fungsi dados piranti kangge nyiaraken agami islam. ananging kesenian angguk ing jaman sakmenika langgkung arang dipun pentasaken ing masyarakat. Angguk menika dipun peranaken kaliyan 10 lare jaler kang umuripun antawisipun 12 taun, busananipun penari umumipun ngaggem ageman kang werninipun cemeng kang lengenipun dowo lan wonten garis - garisipun kang werninipun abrit lan kuning ing dadanipun utawi ing gegeripun kangge hiasan. Celananipun dowo dumugi dengkul ugi ngangge hiasan garis - garis werni abrit lan ngagem mojah dowo ngantos dengkul tanpa ngagem sepatu. Lan ngaggem topi kang werninipun cemeng. Piranti gamelanipun inggih menika antawisipun : kendang, tambur, bedhug, krenceng, 2 rebana, terbang lan angklung.
Syair lagunipun tarian angguk dipun pendhet saking kitab Barzanji saengga syair - syair angguk menika awalipun inggih ngangge Bahasa Arab, ananging ing pungkasan gerak tarian lan syairipun dipun modifikasi kang dipun seselaken kaliyan gerak tari lan basa khas Banyumas kang tanpo ngrubah bentuk aslinipun. Rupa liya saking kesenian angguk inggih menika " Aplang ", bedanipun Angguk kaliyan Aplang inggih menika yen Angguk dipun peranaken kaliyan lare jaler, yen " Aplang " utawi " Daeng " dipun peranaken kaliyan lare estri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar