Sabtu, 26 Februari 2011

KESENIAN DOLALAK

Kabupaten Purworejo memberikan hiburan kepada pengunjung Jateng Fair 2009 / PRPP di Semarang. Kegiatan ini diwakili kelompok kesenian dolalak “Wira Budaya” dari Desa Wironatan Kecamatan Butuh.

Bentuk kesenian yang ditampilkan adalah dolalak dengan penari pria. Sebagaimana kita ketahui, beberapa waktu yang lalu terjadi booming penari dolalak perempuan. Namun grup dolalak “Wira Budaya” hingga saat ini masih memegang eksistensinya dengan tetap mempertahankan penari dolalak prianya.

Dengan penari sejumlah 12 orang dan 10 orang pengrawit serta 2 waranggono, grup yang diketuai oleh Bapak Suyanto ini mempersiapkan diri jauh-jauh hari sebelum pelaksanaan pentas di Semarang.

Pelepasan pemberangkatan ke Semarang dilaksanakan oleh Bapak Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purworejo Drs. Bambang Aryawan, MM, bertempat di Dinas Pendidikan dan Kebudayaan. Dalam pesannya beliau berharap bahwa Grup Dolalak “Wira Budaya” yang telah ditunjuk menjadi wakil dapat menjadi “wajah” Kabupaten Purworejo di kancah pergaulan seni budaya tingkat propinsi Jawa Tengah, agar dapat menjaga amanah dan menganggap berkesenian sebagai bentuk ibadah, karena dapat membahagiakan orang lain / penontonnya. Rombongan dipimpin oleh Kasi Penyuluhan, Analisis, Sarana Prasarana dan Pemasaran Dinas Pendidikan dan Kebudayaan dengan didampingi Pamong Budaya Wilayah Kecamatan Butuh.

Tim Kesenian ini tiba di anjungan Kabupaten Purworejo sebagai tempat transit kurang lebih pukul 4 petang dan langsung melaksanakan blocking. Sementara pementasannya dilaksanakan pada pukul 18.30 WIB hingga pukul 20.00 WIB.
Kesenian yang memang menjadi icon kabupaten Purworejo ini mendapat tempat di mata penonton PRPP, terbukti semenjak mulai hingga usai banyak pengunjung yang tidak beranjak dari tempatnya menonton. Sebuah apresiasi yang membanggakan.

KLANGENAN JOGJA MBIRAWAKAKEN NGAYOGYAKARTA AMAN

Klangenan Jogja Mbiwarakaken Ngayogyakarta Aman


Klangenan jogja mbiwarakaken ngayogyakarta aman
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Biwara Ngayogyakarta aman sasampunipun kurdaning Redi Merapi, mungkasi pentas Klangenan Jogja 2010, ing Monumen Serangan Umum Satu Maret Yogyakarta, malem minggu kalawingi(27/11). Kejawi punika, kangge nyengkuyung kelompok kesenian lokal ing Ngayogyakarta, ing kalodhangan wau Pemerintah Kota Yogyakarta, masrahaken bantuwan arta pembinaan dhateng 45 kalurahan ing Kitha Ngayogyakarta.

Swasana gumbira warga perenging Redi Merapi sanalika pecah dados gugub lan tangis, nalika Redi Merapi dumadakan njeblug. Kurdaning Redi Merapi tetela damel risakipun wewengkon sakiwa tengenipun. Ing tengahing swasana gugub kasebat, wonten satunggaling tiyang ingkang kupiya damel ruwetipun swasana, awit mengku ancas mirunggan. Ananging Wakil Walikota Yogyakarta - Haryadi Suyuti kanthi dipun ampingi dening sawetawis petugas, tumuli rawuh kangge ngleremaken warga. Pentas drama kasebat dipun gelar salebeting Fragmen Kabar Ngaruwara, ingkang dipun lampahaken dening grup kesenian saking Kalurahan Notoprajan, ing plataraning Monumen Serangan Umum Satu Maret Ngayogyakarta.

Pentas drama ingkang nggambaraken kurdaning Redi Merapi punika, ugi ngiras kangge mbiwarakaken bilih kitha Ngayogyakarta aman saking kurdaning Redi Merapi. Klangenan Jogja ingkang ajeg dipun gelar ing saben wulan punika, mujudaken asiling patembayatan Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta kaliyan Komunitas Klangenan Jogja, kangge mitontonaken kaskaya seni budaya saking saben kalurahan ing Ngayogyakarta.

KESENIAN KETHOPRAK

Kethoprak


Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.
Sajarah

Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa – Warsi, Kendana Gendini, Darma – Darmi, lan sapanunggalane.

Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :

* Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
* Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
* Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
* Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman ‘mesiran’ ( Baghdad ).
* Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing ‘Pendopo‘).
* Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

SENI KARAWITAN

Seni karawitan utawa seni nabuh gamelan, kapetung seni kang tuwa ana ing Nuswantara. Akehing cathetan sejarah njelasake, menawa seni karawitan wis wiwit ana saka abad 6 M ana ing jaman karaton Mataram Hindu. Lan kuwi kabeh bisa sinawang ana relief candi wiwit Prambanan, Borobudur nganti tumekaning candi Panataran.
Ananging kanthi majuning jaman, saya suwe seni karawitan uga sangsaya ngalami owah-owahan. Wiwit tinabuh bebarengan alat musik modern, nganti wimbuhe piranti elektronik kaya dhene sistem pengeras suara, tape, video compact disc utawa sinebut VCD lan liya-liyane. Lan iku kabeh karasa nyudha bobot kawibawane seni karawitan kuwi dhewe.
Nalikane disuwuni panemu dhening Joglosemar, sawetara dhina kepungkur, Prof. Damarjati Supajar, Guru Besar Fakultas Ilmu Budaya UGM kandha menawa pancen bener saiki seni karawitan wis bedha kahanane klawan puluhan taun kepungkur. Ananging kuwi kabeh wis tinemu lumrah, sebab miturut cathetan sejarah, seni karawitan kuwi klebu seni kang ngrembaka saka jroning keraton kang tegese banget gumantung marang kang nduweni panguasa.
“Bedha raja mesti bedha cara. Tuladhane seni karawitan wiwit saka jaman Majapahit, Demak, Pajang, nganti Mataram kuwi wis mesthi bedha cengkok, lan garape,” panjelase Damarjati.
Tegese owah-owahan apa wae tumrape seni tradisi utamane karawitan sejatine sah-sah wae, lamun ora ngilangake ruh adi luhunging budhaya Nuswantara kuwi dhewe. Lan Damarjati uga kandha menawa karawitan ora adaptasi klawan owah-owahing kahanan, kuwi malah mbebayani.
Semana uga babagan pengakuane internasional klawan seni karawitan, tuladhane kaya Malaysia sawetara wektu kapungkur, kuwi uga ora perlu dikuwatirake. “Jamane saiki wis bedha. Dadhi yen seni karawitan kuwi tinabuh wong manca negara ana ing Jepang, apa Amerika kuwi ya ora apa-apa anggere awakke dhewe isih nyekel ruh saka seni karawitan kuwi dhewe,” panjelase Darmarjati.
Piwulang Luhur
Seje maneh klawan panemune Suwita, pangarsaning sanggar karawitan Madya Laras saka Trunuk, Klaten. Nalikane ditemoni ana ing pentas Selasa Legen (21/6) kepungkur, ana ing Bale Sudjatmaka, Sala, dhewekke kandha menawa kanthi derese arus modernisasi, seni karawitan saya suwe saya ilang pamore.
Sebab sakliyane wis saya arang pawongan kang nduwe gawe kanthi nanggap klenengan lan wayangan merga wis ana kaset, utawa compact disc (CD), kridhane pamarentah anggone ngrembakakake seni karawitan uga rinasa kurang.
“Aja maneh karawitan, saiki arep golek sindhen wae angele ora jamak. Bedha karo penyanyi dhangdhut utawa campur sari kang cacahe ombyokkan. Cilakane pamarentah uga gur gembar-gembor wae, nanging arang-arang bisa kabuktekake nyatane,” sambate Suwita.
Ditambah maneh anane penganggep yen ajar karawitan kuwi angel tur mbuwang wektu. Kanthi kahanan kuwi, akibate cacahe pakumpulan karawitan ana ing karang padhusunan uga sangsaya suda.
“Mula kabeh kuwi mesthi ana gegayutane. Kanthi wis saya arang masyarakat nggelar bersih desa, mesthi saya sudha uga wong nanggap wayang utawa klenengan. Kamangka sejatine menawa dionceki jroning tradisi Jawa kuwi mesthi akeh piwulang luhur, katinimbang mulang sarake,” ujare Suwita.
Ananging ing pungkasaning atur, Suwita kandha menawa dhewekke isih tetep optimis menawa seni karawitan bakal tetep bisa lestari, sanadyan ora pati ngrembaka kaya mbiyen maneh. Lan kasunyatan kuwi tinampa legawa, sebab dhewekke uga nglenggana menawa saiki jamane ya wis beda.