Seni karawitan utawa seni nabuh gamelan, kapetung seni kang tuwa ana ing Nuswantara. Akehing cathetan sejarah njelasake, menawa seni karawitan wis wiwit ana saka abad 6 M ana ing jaman karaton Mataram Hindu. Lan kuwi kabeh bisa sinawang ana relief candi wiwit Prambanan, Borobudur nganti tumekaning candi Panataran.
Ananging kanthi majuning jaman, saya suwe seni karawitan uga sangsaya ngalami owah-owahan. Wiwit tinabuh bebarengan alat musik modern, nganti wimbuhe piranti elektronik kaya dhene sistem pengeras suara, tape, video compact disc utawa sinebut VCD lan liya-liyane. Lan iku kabeh karasa nyudha bobot kawibawane seni karawitan kuwi dhewe.
Nalikane disuwuni panemu dhening Joglosemar, sawetara dhina kepungkur, Prof. Damarjati Supajar, Guru Besar Fakultas Ilmu Budaya UGM kandha menawa pancen bener saiki seni karawitan wis bedha kahanane klawan puluhan taun kepungkur. Ananging kuwi kabeh wis tinemu lumrah, sebab miturut cathetan sejarah, seni karawitan kuwi klebu seni kang ngrembaka saka jroning keraton kang tegese banget gumantung marang kang nduweni panguasa.
“Bedha raja mesti bedha cara. Tuladhane seni karawitan wiwit saka jaman Majapahit, Demak, Pajang, nganti Mataram kuwi wis mesthi bedha cengkok, lan garape,” panjelase Damarjati.
Tegese owah-owahan apa wae tumrape seni tradisi utamane karawitan sejatine sah-sah wae, lamun ora ngilangake ruh adi luhunging budhaya Nuswantara kuwi dhewe. Lan Damarjati uga kandha menawa karawitan ora adaptasi klawan owah-owahing kahanan, kuwi malah mbebayani.
Semana uga babagan pengakuane internasional klawan seni karawitan, tuladhane kaya Malaysia sawetara wektu kapungkur, kuwi uga ora perlu dikuwatirake. “Jamane saiki wis bedha. Dadhi yen seni karawitan kuwi tinabuh wong manca negara ana ing Jepang, apa Amerika kuwi ya ora apa-apa anggere awakke dhewe isih nyekel ruh saka seni karawitan kuwi dhewe,” panjelase Darmarjati.
Piwulang Luhur
Seje maneh klawan panemune Suwita, pangarsaning sanggar karawitan Madya Laras saka Trunuk, Klaten. Nalikane ditemoni ana ing pentas Selasa Legen (21/6) kepungkur, ana ing Bale Sudjatmaka, Sala, dhewekke kandha menawa kanthi derese arus modernisasi, seni karawitan saya suwe saya ilang pamore.
Sebab sakliyane wis saya arang pawongan kang nduwe gawe kanthi nanggap klenengan lan wayangan merga wis ana kaset, utawa compact disc (CD), kridhane pamarentah anggone ngrembakakake seni karawitan uga rinasa kurang.
“Aja maneh karawitan, saiki arep golek sindhen wae angele ora jamak. Bedha karo penyanyi dhangdhut utawa campur sari kang cacahe ombyokkan. Cilakane pamarentah uga gur gembar-gembor wae, nanging arang-arang bisa kabuktekake nyatane,” sambate Suwita.
Ditambah maneh anane penganggep yen ajar karawitan kuwi angel tur mbuwang wektu. Kanthi kahanan kuwi, akibate cacahe pakumpulan karawitan ana ing karang padhusunan uga sangsaya suda.
“Mula kabeh kuwi mesthi ana gegayutane. Kanthi wis saya arang masyarakat nggelar bersih desa, mesthi saya sudha uga wong nanggap wayang utawa klenengan. Kamangka sejatine menawa dionceki jroning tradisi Jawa kuwi mesthi akeh piwulang luhur, katinimbang mulang sarake,” ujare Suwita.
Ananging ing pungkasaning atur, Suwita kandha menawa dhewekke isih tetep optimis menawa seni karawitan bakal tetep bisa lestari, sanadyan ora pati ngrembaka kaya mbiyen maneh. Lan kasunyatan kuwi tinampa legawa, sebab dhewekke uga nglenggana menawa saiki jamane ya wis beda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar